Banyumas
Kiye profil Kabupaten Banyumas, Provinsi Jawa Tengah, Indonesia.
Kabupaten Banyumas kuwe salah siji kabupaten nang Provinsi Jawa Tengah.
Ibukotane nang Purwokerto. Kabupaten kiye batesan karo Kabupaten Brebes nang sebelah lor, Kabupaten Purbalingga, Banjarnegara, lan Kebumen nang sebelah wetan, lan Kabupaten Cilacap nang sebelah kidul lan kulon. Gunung Slamet, sing dadi gunung paling duwur nang Jawa Tengah ana nang pol-polane wates lor kabupaten kiye.

Kabupaten Banyumas kuwe mlebu bagian wilayah budaya banyumasan, sing tukul semambrah nang bagian kulon Jawa Tengah. Basa sing dienggo kuwe bahasa banyumasan, sing jere mlebu salah siji dialek basa Jawa sing beda karo basa pakem (dialek Mataraman). Basa kiye diarani basa cablaka tapi lewih terkenal jeneng “basa ngapak”, sebab duwe ciri khas unen /k/ sing genah ketara (medok) nang saben akhir kata. Kie bedane karo basa wetan sing macane glotal stop.
Geografi
Wates-wates Kabupaten Banyumas:
- Sebelah lor: Gunung Slamet, Kabupaten Tegal karo Kabupaten Pemalang.
- Sebelah kidul: Kabupaten Cilacap.
- Sebelah kulon: Kabupaten Cilacap karo Kabupaten Brebes.
- Sebelah wetan: Kabupaten Purbalingga, Kabupaten Kebumen karo Kabupaten Banjarnegara.
Kabupaten Banyumas kuwe nduweni luasan sekitar 1.327,60 km2 utawa 132.759,56 ha. Kondisi wilayahe arupa daratan lan pegunungan sing nduweni struktur pegunungan. Kiye kasusun sebagian lembah Kali Serayu sing kanggo pertanian, sebagian maning dataran tinggi kanggo pemukiman lan pekarangan, terus sebagian maning pegunungan kanggo perkebunan lan alas tropis nang lereng Gunung Slamet sebelah kidul.
Bumi lan sumberdaya alam Kabupaten Banyumas kegolong duwe potensi apik. Sebab ana pegunungan Slamet sing duwure sekitar 3.400 meter sekang permukaan banyu laut lan tesih aktif.
Kahanan cuaca lan iklim nang Kabupaten Banyumas kuwe klebu iklim tropis basah. Sebab Kabupaten Banyumas ana nang antara lereng pegunungan adoh seka pesisir, adoh seka pengaruh angin laut. Nanging sebab anane daratan rendah sing seimbang karo pantai selatan, angin kadang simpangan nang antarane pegunungan lan lembah sing duweni rata-rta antara 1.001 mbs. Suhu udarane antara 21,4° C – 30,9° C.
Pembagian Administratif
Kabupaten Banyumas kasusun 27 kecamatan, sing dibagi 301 desa lan 30 kelurahan.
Ibukota Kabupaten Banyumas kuwe Purwokerto, sing kasusun Kecamatan Purwokerto Barat, Purwokerto Timur, Purwokerto Selatan, lan Purwokerto Utara. Purwokerto nang jaman ndisit kuwe Kota Administratif. Tapi kawit diterapkane UU No. 2 Tahun 1999 tentang Pemerintah Daerah, ora dikenal anane kota administratif, akhire Purwokerto dadi bagian wilayah Kabupaten Banyumas maning.

Kota-kota kecamatan sing kepetung penting nang Kabupaten Banyumas antarane Kecamatan Banyumas, Ajibarang, Wangon, Sokaraja, Kemranjen, lan Sumpiuh.
Sumber : Artikel seka Wikipedia karo translit. Gambar peta seka Google Maps.
0 Comment to "PROFIL KABUPATEN BANYUMAS"
Posting Komentar